Home » » Lirik Lagu - Rotra Mbayar SPP

Lirik Lagu - Rotra Mbayar SPP


Dadi bocah ojo mung mabuk wae ra mikir
Bapak ibune le padha nyambut gawe 4x

Wis seprene kudu wis wayahe mbayar SPP
Murid liane wis do mbayar gari dewek'e
Bali neng ngomah matur karo bapak ibune
Jaluk duwit go mbayar SPP critane

Direwangi besengut raine ro mrengut
Jaluk duwit, atine ro nggresulo
Ngodo nek ra mbayar mengko yo di DO
Mbasan etuk duwit e lha malah koyo ngono

Lha piye to dasare bocah ra toto
Duwit SPP malah go mabuk ro konco-konco
Ra mikir wong tuo le nggolek ngati ngoyo
Nganti ngelus dodo utang tonggo-tonggo

Dadi bocah ojo mung mabuk wae ra mikir
Bapak ibune le nyambut gawe X4

Mabuk wae kuwi wis pancen gaweane
Ragate urunan ngompasi jalukki konco-kancane
Nek perlu duwit SPP di nggo mundut ciuuuuuuu
Ra mikir wong tuo le nggolek money.. money.. money..

Ketewung bocahe rodo suwung
Ora ngurus we dijak ngomong ra tau nyambung
Wis nek sekolah mbolosan, ora tau sinau
Ono pelajaran malah weee ditinggal turu

Ra nggagas ra mikir ana bu guru
Gurune nesu-nesu banjur dikon metu
Batine… bocahe… malahan….
Asik tenan… ra melu pelajaran…
Mending mbolos wae malah kepenak
Sekolah ra dadi ati mergane ora jenak
Walah le.. kowe arep dadi opo
Nek arep tumindak ngiwa
Malah mesake wong tuwo
Eman eman sik ngeki upo

Dadi bocah ojo mung mabuk wae ra mikir
Bapak ibune le padha nyambut gawe 4x

Bow bow bow (kipiyaw kepiye)
Rotra jahanam kumpul bareng neng kene
Melu prihatin nyawang kahanane
Bocah saiki cen ra umum nakale

Mesakke wong tuo nyambut gawe rekoso
Tumindak culiko mbok yo dipikir dhowo
Rasah neko-neko urip sing prasojo
Nek ora ngugu awas mengko ciloko

Saiki coba (sapa sing wis ngragati)
Ngrumat rupamu (wiwit seko bayi)
Nek mung dinengke (kowe ra mbejaji)
Mulane dhapurmu (rasah dha kemaki)

Bocah ra nggenah, bapane kepradah marai kabeh susah (susah)
Karepe kabeh sing ngalah (ngalah) karepe kabeh sing salah (salah)
Mulakno mirengke, menawi mekaten monggo menggalih kang lerem (lerem)
Menika perkawis, kang sampun cumawis, mboten sah sami (ceriwis)

Dadi bocah ojo mung mabuk wae ra mikir
Bapak ibune le padha nyambut gawe 4x
Share this article :

0 komentar:

Posting Komentar

 
Support : Your Link | Your Link | Your Link
Copyright © 2013. XENA CYBER™ - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger
Chrome Pointer